WELCOME IN MY BLOG

WEEL , JUST JOIN AND BE FUN WITH MY BLOG :)

Selasa, 06 Maret 2012

Dolanan Rok Pimpet

Jaman esih aku cilik , kuwe lagi rame-ramene sing arane dolananan "petak umpet' sing neng daerah anku arane rok pimpet . Lah pas aku lagi kelas 4 SD kuwe nang uamh lai ramene dolanan ,aku tur ora pengin ketinggalan ,melu dolanan trus enake maning aku ora jaga , aku karo kancane aku sing liya pada umpetan , mencar mencar , ana sing neng kali , neng umahe dewek , lah pas kuwe aku karo kancane aku cah telu umpetan nang mburine kandang wedhus *iya ah mambu , wis ngerti* . Lah saking semangate umpetan , sing liyane wis pada ketemu aku karo kancane aku sing cah elu umpetan nang kadang wedhus durng ketemu dewek , lagi kuwe tah senenge nemen misale urung ketemu . Lah pas bocah sing dadi lagi liwat , kancane aku sing neng mburi di sruduk edhus , huahaha , kabehepada gembuyu . Lucune maning , sing dadi kuwe ora paham , malah gara-gara gembuyune aku sing kaya kuntilanak , sing dadi malah njerit "waahh , ana kuntilanak!" . AKu karo kancaku cah telu sontak bae kaget lan wedhi , ora mikir , langsung mlayu bae sampe sendale ketinggalan *dodol* . Akhire cah telu mau sing kudune durung ketmu dadi ketemu gaea-gara mlayu wedinen karo kuntilanak , padahal ya kuwe suarane aku . Akhire sakeng wis kebengen bareng-bareng pada balik meng umah , pas neng dalan aku karo Silvi , weruh wong mlaku tapi duidundang ora nglinguk , ya aku karo Silvi wedinen , langsung mlayu ora genah , jebule wong kuwe Mba Ipah sing nembe balik kerja . Dasar kecinnggg kabeh , huahahahaha :D