WELCOME IN MY BLOG

WEEL , JUST JOIN AND BE FUN WITH MY BLOG :)

Senin, 05 Maret 2012

Profil Artis Idolane enyong :)

Lagi gegere Korea ya , lah aku termasuke sing seneng ngonong loh :P , sebenere sih akeh ya sing tak senengi marang artis-artis korea , tapi sing nggawe aku kepincut kuwe ya sing raine "baby face" kaya Joong KI , lah kuwe gagahe nemen *jare aku* , imut-imut ngonong lah , kiye wis langsung bae biodatane . cekidoot :





Profile Song Joong Ki

Nama: 송중기 / Song Joong Ki (Song Jung Ki)
 Pegawane : Actor, MC 
Tanggal laire: 1985-Sep-19 
Duwure: 178cm
Bobote: 65kg
Zodiak: Virgo
Golongan Darah: A

Pilem sing pernah dimainna :
  • Wolf Boy | Neukdae Sonyeon (2012) - wolf-boy
  • Penny Pinchers | Taeunagin Haetjiman (2011) - Ji-Woong
  • Hearty Paws 2 | Maeumee 2 (2010) - Dong-Wook
  • Where the Truth Lies | Itaewon Salinsageon (2009) -Jo Jong-Pil (murder victim)
  • Five Senses of Eros | Ogamdo (2009)
  • A Frozen Flower | Ssanghwajeom (2008)
  • TV Dramas



Gagah oh ya :p .Pengine digawa balik , trus nggo sawangan ben dina , potone di dokon neng kamar trus neng ndi bae *daning lebe* . huahahaha :D . wislah ya , okehh :D

Bis Susun


CRITANÉ Glèmboh maring Jakarta dèwèkan. Saka Tegal numpaké bis malem. Pikiré Glèmboh, kepèngin klintong-klintong nang Jakarta kosih mbenger. Soalé, waktu dèwèké klintong-klintong karo Kapèr lan Jayèng lagi pan ndaftar dadi bintang film, rasa-rasané gurung marem tapi kesusu Kapèr lan Jayèng njaluk balik. Kepaksané Glèmboh manut karo jakwir-jakwiré. Mugané, ning waktu kiyé, Glèmboh nylintis dèwèkan maring Jakarta.
Sadina muput, Glèmboh numpak bis jurusan Tegal – Jakarta, anjog nang Terminal Pulo Gadung jam sepuluh awan. Masalé, dalané macet sebab dikepung banjir. Wah, boyoké Glèmboh dirasa-rasa kayong mbetut. Tembé ngranapi numpak bis, waktuné ngalar-ngalar.

TEGAL kuweee.....

TEGAL .




ya, kota sing dijuluki dening wong tegal "Tegal keminclong moncer kotane" . Saiki Tegal wis enggal kaya kota metropolitan , sajeke daerah sing kudune didadikna sawah karo nggo daerahe resapan banyu malah digawe perumahan neng kana kene .Sebenere sing ndadikna Tegal menrarik jare aku ya uwonge , ngomonge ngapak tapi misale wong saking kota liyane kaya Sunda , contohe mase aku saking Bogor , jare ya krungu wong tegal ngomong kaya ngganyami wong padaahal kan ora ? . Oke balik maning meng masalah , Alhamdulillah Tegal ora tau kena banjir utawa apa sing nggentarna wargane , tapi ndelengna keadaane lingkungane wonge sng neng kana kene akeh perumahan ndadikna miris ndelengnane. Bisa-bisa laka daerah resapan nggo banyune , ngko suwe-suwe dadi kaya Jakarta sing banjir mana mene ., Mulane , yuh kabeh-kabeh warga tegal peduli karo lingkungane . Ben Tegal temenan dadi kota sing keminclong lan sejahtera :D !